Sabtu, 20 September 2025

Idul Adha 2025

2 Naskah Khutbah Idul Adha dalam Bahasa Jawa, Dilengkapi Link Unduh Format PDF

Simak 2 naskah khutbah Idul Adha dalam Bahasa Jawa yang diterbitkan Kantor Kemenag DIY. Dilengkapi link unduh format PDF.

Penulis: Sri Juliati
Editor: Febri Prasetyo
Tribunnews/JEPRIMA
KHUTBAH IDUL ADHA - Umat Islam melaksanakan salat Idul Adha di kawasan Jatinegara, Jakarta Timur, Senin (17/6/2024). Simak 2 naskah khutbah Idul Adha dalam Bahasa Jawa yang diterbitkan Kantor Kemenag DIY. Dilengkapi link unduh format PDF. 

TRIBUNNEWS.COM - Inilah 2 naskah khutbah Idul Adha dalam Bahasa Jawa, dilengkap dengan link unduh format PDF.

Pada Jumat, 6 Juni 2025 besok, umat Islam akan merayakan hari raya Idul Adha yang diperingati setiap 10 Dzulhijjah.

Saat Idul Adha, umat Islam akan melaksanakan shalat Id yang hukumnya sunnah lalu mendengarkan khutbah Idul Adha.

Tribunnews.com telah merangkum 2 naskah khubah Idul Adha dalam Bahasa Jawa yang diterbitkan Kantor Kementerian Agama (Kemenag) DIY sebagai referensi.

Khutbah Idul Adha dalam bahasa Jawa dengan judul Kurban Piwucal Bekti Dumateng Tiyang Sepuh dan Kurban Bukti Takwa Lan Syukur Dumateng Allah juga dilengkap dengan link unduh format PDF.

Baca juga: Isi Lengkap Khutbah Wukuf di Tenda Misi Haji Indonesia di Arafah Siang Ini, Tekankan Persaudaraan

1. Khutbah Idul Adha: Kurban Piwucal Bekti Dumateng Tiyang Sepuh

Dening: Arifin SHI (Penyuluh Agama Islam KUA Gondokusuman)

lihat fotoNaskah Khutbah Idul Adha: Kurban Piwucal Bekti Dumateng Tiyang Sepuh
Naskah Khutbah Idul Adha: Kurban Piwucal Bekti Dumateng Tiyang Sepuh

Jamaah Idul Adha rahimakumullah,

Alhamdulillah, monggo kito tansah muji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat iman, islam, saras lan kalodangan, sahingga kita saged nindaki shalat Idul Adha 1446 H sesarengan wonten ing mriki kanthi rahayu. 

Shalawat lan salam kito aturaken dhumateng junjungan kito Nabi Muhammad SAW, Nabi panutan kito, keluarganipun, poro sahabat lan poro penderekipun, mugi kito sedoyo kalebet umatipun ingkang pikantuk syafa’atipun ing akhirat samangke. Aamiin.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillahil hamd

Jamaah Idul Adha rahimakumullah,

Ing dinten kang mulya punika, ngetingalaken peristiwa agung dateng kito sedoyo, nun inggih pengorbanan Nabi Ibrahim AS lan putranipun Nabi Ismail AS. Kados pundi Nabi Ismail AS, sanajan tasih enem, saget ndherek dhawuhipun romoipun kanthi patuh, tanpa nglawan, tanpo protes, malah ngendika:

قَالَ يَٰٓأَبَتِ ٱفْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِىٓ إِن شَآءَ ٱللَّهُ مِنَ ٱلصَّٰبِرِينَ

"he bapak kulo, supados nindakake nopo ingkang diparintahake marang jenengan. Insya Allah, jenengan bakal nemokake kulo kalebu wong-wong sing sabar." (QS. Ash-Shaffat: 102)

Maknanipun: Nabi Ismail AS nampa perintah Allah liwat Nabi Ibrahim AS tanpo ngeluh, malah kanthi sabar lan ikhlas nurut perintah Allah).

Jamaah Idul Adha rahimakumullah,

Peristiwa punika ngemutaken kito, bilih hubungan anak lan wong tuwa meniko dhasaripun iman lan taat marang Gusti Allah. Nanging sayang, ing jaman sakpunika, kathah tiyang enom utawi remaja ingkang kélangan rasa hormat dhumateng wong tuwané. 

Kados ta nglawan, ngucap kasar, ninggal sholat, lan ndemek narkoba, tawuran, nglanggar aturan. Padahal Nabi Muhammad SAW sampun ngendika

رِضَا اَللَّهِ فِي رِضَا اَلْوَالِدَيْنِ, وَسَخَطُ اَللَّهِ فِي سَخَطِ اَلْوَالِدَيْنِ

"Ridane Allah ana ing ridane wong tuwa, lan murka Allah ana ing murkane wong tuwa." (HR. Tirmidzi)

Maknaipun: Allah bakal ridha marang anak yen wong tuwané ridha. Yen wong tuwa duko, Allah uga duko.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillahil hamd.

Jamaah Idul Adha rahimakumullah,

Idul Adha nglairake semangat pengorbanan lan taqwa dumateg Allah SWT. Nanging kejawi saka punika, kita ugi sinau babagan pendidikan akhlak anak.. 

Anak-anak kita kaancam dening gadget, media sosial, sesrawungan lan pengaruh lingkungan sing ora becik. Mula, kito para wong tuwa kedah tansah ndidik, nuntun, lan maringi teladan kang apik.

Allah paring dawuh:

وَوَصَّيْنَا ٱلْإِنسَٰنَ بِوَٰلِدَيْهِ إِحْسَٰنًا

"Lan ingsun wus maringi pitutur marang manungsa supaya ngluhuraké wong tuwané kanthi becik." (QS. Al-Ahqaf: 15)

Pramilo poro jamaah, monggo kito gunakake momentum Idul Adha punika kanggé nambah kesadaran anak lan remaja supados uwih berbakti lan hormat marang wong tuwa, nguri-uri ajaran agama, lan adoh saka perbuatan maksiat.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillahil hamd.

Jamaah Idul Adha rahimakumullah,

Lewat mimbar lan momentum meniko, ugo kita aturaken khususipun dateng poro pemuda pemudi remaja bilih pintu kesuksesan, kamulyan dunya lan akhirat, enten pangkat, rezeki, anak kang sholeh lan sholehah, lan keluargi kang ayem tentrem nun inggih berbakti marang wong tuwa, utamane nalika wong tuwa sampun sepuh.

Allah SWT ngendika ing Al-Qur'an:

 وَقَضَىٰ رَبُّكَ أَلَّا تَعْبُدُوٓا۟ إِلَّآ إِيَّاهُ وَبِٱلْوَٰلِدَيْنِ إِحْسَٰنًا

“Lan Gusti siro wus marentah supaya siro aja nyembah kejaba marang Deweke lan supaya tumindak becik marang wong tuwamu.” (QS. Al-Isra: 23)

Maknane: Allah marentahake menungsa supoyo ibadah mung marang panjenengane, lan langsung disambung karo dhawuh supoyo bekti marang wong tuwa.

Rasulullah SAW Uga ngendika:

"مَنْ أَحَبَّ أَنْ يُبْسَطَ لَهُ فِي رِزْقِهِ وَيُنْسَأَ لَهُ فِي أَثَرِهِ فَلْيَصِلْ رَحِمَهُ"

"Sapa wae sing kepengin dipanjangi umure lan diluwehake rejekine, pramilo supados bekti dateng tiyang sepah kaleh lan nyambung tali silaturahmi." (HR. Ahmad)

Tegesipun: Anak kang bekti marang wong tuwa, bakal diparingi berkah umure dawa, rejekine lancar lan uripe berkah. sanajan jaman pun maju lan modern, ajaran bekti marang wong tuwa sampun ngantos ilang. anak kang entuk gelar sarjana, pendamelan, gaji gede, nanging lali kaleh tiyang sepahe. 

Kadhang malah mboten purun merawat naliko sepuh, bakal nampi urip ingkang susah lan mboten berkah.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillahil hamd.

Jamaah Idul Adha rahimakumullah,

Mugi kita minongko wong tuwa supados saget nuladani Kanjeng Nabi Ibrahim AS ingkang tansah sabar, sabar, lan sabar ndidik anak-anak kanthi akhlak lan agami ingkang sae.

Idul Adha punika mboten namung sekadar nyembelih sapi utawi wedhus. Nanging sejatiné yaiku pengorbanan lan taqwa kawujud ing tumindak nyata, kalebu ndidik anak kito sedoyo.

Mugi khutbah punika maringi manfaat, lan tansah ngelingake kita sedaya supados mbangun kulawarga kang penuh berkah, putra putri ingkang soleh solihah AAMIIN.

lihat fotoNaskah Khutbah Idul Adha: Kurban Piwucal Bekti Dumateng Tiyang Sepuh
Naskah Khutbah Idul Adha: Kurban Piwucal Bekti Dumateng Tiyang Sepuh
lihat fotoNaskah Khutbah Idul Adha: Kurban Piwucal Bekti Dumateng Tiyang Sepuh
Naskah Khutbah Idul Adha: Kurban Piwucal Bekti Dumateng Tiyang Sepuh

Unduh naskah khutbah Idul Adha dalam bahasa Jawa yang berjudul Kurban Piwucal Bekti Dumateng Tiyang Sepuh dalam format PDF: LINK

2. Khutbah Idul Adha: Kurban Bukti Takwa Lan Syukur Dumateng Allah 

Dening: H Karmin SAg MSI

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

lihat fotoNaskah Khutbah Idul Adha: Kurban Bukti Takwa Lan Syukur Dumateng Allah 
Naskah Khutbah Idul Adha: Kurban Bukti Takwa Lan Syukur Dumateng Allah 

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Monggo kita tansah ndedonga lan ngluhuraken puji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi nikmat iman, Islam, sehat, lan kesempatan kang mulya menika, injih puniko sholat Id berjamaah.

Salawat lan salam kita aturaken dhumateng junjungan kita, Nabi Muhammad SAW, tiyang ingkang sampurna budi pekertinipun, panutaning umat ing donya lan akhirat.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillahil hamd.

Ma'asyiral Muslimin Rahimakumullah

Ing wulan Dzulhijjah menika, wonten salah sawijining ibadah ingkang agung nun injih ibadah kurban. 

Ibadah kurban punika minangka bentuk taqwa, tanda syukur, lan sarana ngresiki atining manungsa saka sifat bakhil lan egois.

Allah SWT ngendika wonten ing surat Al-Hajj ayat 37:

لَن يَنَالَ ٱللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَآؤُهَا وَلَٰكِن يَنَالُهُ ٱلتَّقْوَىٰ مِنكُمْ ۚ

"Ora bakal tekan marang Allah daging-daginge lan getihe (kewan kurban), nanging sing tekan yaiku taqwa saking panjenengan sedaya." (QS. Al-Hajj: 37)

Tegese, Allah mboten mbutuhake daging utawa getih kurban kita. Sing dipun tingali yaiku keikhlasan lan taqwa kita.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillahil hamd.

Ma’asyiral Muslimin,

Kurban ugi minangka peringatan tumrap kisah agung Nabi Ibrahim Alaihissalam lan putranipun Nabi Ismail Alaihissalam, nalika dipun perintah nyembelih putranipun. 

Tanpa ragu, Nabi Ibrahim nindakake perintah menika kanthi tulus lan tawakkal.

Sabda Rasulullah SAW:

 مَا عَمِلَ آدَمِيٌّ مِنْ عَمَلٍ يَوْمَ النَّحْرِ أَحَبَّ إِلَى اللَّهِ مِنْ إِهْرَاقِ الدَّمِ 

"Anak Adam ora nindakaké amal ing dina Nahr (10 Dzulhijjah) sing luwih disenengi Allah kajaba nyembelih kurban". (HR. Tirmidzi)

Saking punika, menawi kita kaparingan rejeki cekap, monggo berkurban. Sebab, kurban niku amal utama ing dinten menika.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillahil hamd.

Ayo kita niataken kurban kanthi ikhlas. Yen durung saged berkurban tahun menika, tetep niat lan nyengkuyung ibadah kurban. 

Sedekah daging, bantu tetangga, ngugemi rasa sosial lan ukhuwah Islamiyah.

Kurban ugi ngajari kita pentingipun pengorbanan, gotong royong, lan kesenan pinongko bentuk kesalahan sosial Islam ingkang luar biasa.

Mugi amal kita dipun tampi Allah lan kita kalebet hamba-hamba ingkang taat.

lihat fotoNaskah Khutbah Idul Adha: Kurban Bukti Takwa Lan Syukur Dumateng Allah 
Naskah Khutbah Idul Adha: Kurban Bukti Takwa Lan Syukur Dumateng Allah 

Unduh naskah khutbah Idul Adha dalam bahasa Jawa yang berjudul Kurban Bukti Takwa Lan Syukur Dumateng Allah dalam format PDF: LINK

(Tribunnews.com/Sri Juliati)

Sumber: TribunSolo.com
Rekomendasi untuk Anda

Berita Terkini

© 2025 TribunNews.com, a subsidiary of KG Media. All Right Reserved
About Us Help Privacy Policy Terms of Use Contact Us Pedoman Media Siber Redaksi Info iklan