Selasa, 19 Mei 2026

Soal Latihan

30 Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 8 Semester 1 Kurikulum Merdeka dan Kunci Jawaban SAS, ASAS

Berikut 30 soal PAS Bahasa Jawa Kelas 8 Semester 1 Kurikulum Merdeka lengkap dengan kunci jawaban SAS, ASAS.

Tayang:
Tribun Jabar/GANI KURNIAWAN
UJIAN SEKOLAH - Siswa kelas VI mengerjakan soal mata pelajaran bahasa Indonesia saat mengikuti Ujian Sekolah/Madrasah Tahun Pelajaran 2016/2017 tingkat Sekolah Dasar (SD) dan Madrasah Ibtidaiyah (MI), di SD Negeri Rancamanyar III, Jalan Cilebak, Desa Rancamanyar, Kecamatan Baleendah, Kabupaten Bandung, Senin (15/5/2017). Berikut 30 soal PAS Bahasa Jawa Kelas 8 Semester 1 Kurikulum Merdeka lengkap dengan kunci jawaban SAS, ASAS. 

TRIBUNNEWS.COM - Berikut contoh soal Penilaian Akhir Semester (PAS) atau Ujian Akhir Semester (UAS) mata pelajaran Bahasa Jawa Kelas 8 SMP/MTs Semester 1 Kurikulum Merdeka.

Contoh soal PAS/UAS Bahasa Jawa Kelas 8 Semester 1 ini terdiri dari 30 soal pilihan ganda yang dilengkapi dengan jawaban.

Soal dan jawaban ini hanya untuk panduan orang tua dalam memandu proses belajar anak sebelum menghadapi Asesmen Sumatif Akhir Semester (ASAS). 

Diharapkan siswa dapat mengerjakan contoh soal PAS/UAS Bahasa Jawa Kelas 8 Semester 1 ini terlebih dahulu sebelum menengok jawabannya.

Coba jawablah soal-soal berikut ini, kemudian cocokkan dengan jawaban yang telah disediakan.

Baca juga: 50 Soal PAS Bahasa Indonesia Kelas 8 Semester 1 Kurikulum Merdeka dan Kunci Jawaban SAS UAS

1. Perangane struktur teks crita cekak sing isine nelakake urut-urutane crita, diarani....
A. tema
B. alur/ plot
C. paraga/ pamaragan
D. latar/ setting

Jawaban: B

2. ”Jeneng asline mono Wira. Embuh Wira sapa, tangga teparone ora ana sing mudheng. Nanging sarehne saben nandangi pegawean apa wae mesthi mung klemar-klemer, mula dening wong-wong banjur diceluk Wira Klemer”.

Punggelan crita cekak ing dhuwur, manut struktur teks kalebu perangan....
A. tema
B. alur/ plot
C. paraga/ pamaragan
D. latar/ setting

Jawaban: C

3. ”Pesenan kita diterna pelayan lanang sing seragame rapi, ambune wangi. Langsung bae kita mangan apa sing wis disuguhake pelayan mau.”

Punggelan crita cekak iki nuduhake setting panggonan ing ....
A. hotel
B. restoran
C. gubuk
D. gedhung

Jawaban: B

4. ”Mripate Damarjati katon mbrabak krungu critane Sekarwangi. Rasane trenyuh, atine welas marang kenya ayu lan wasis kang lungguh ing ngarepe iku. Sekarwangi duwe gegayuhan bisa sekolah ing SMK jurusan Boga, yen wis lulus banjur bukak rumah makan sing dikemonah kanthi becik lan duwe ciri khas sing bisa narik lengganan. Nanging amarga bapake seda nalika dheweke isih kelas 3 SMP, mula banjur bara menyang kutha kanggo golek dhuwit sing bakal dienggo pawitan nyambut gawe nganti selawase kaya angen-angene.”

Punggelan crita cekak ing dhuwur, paraga utamane yaiku....
A. Damarjati
B. Sekarwangi
C. Bapake
D. Aku

Jawaban: B

5. Ngisor iki sing kalebu ukara langsung yaiku ....
A. “Alah Yan, penting isa mangan enak lak wis,” Gusti nyuwara.
B. Aku ya ngerti bapake Deni mung pegawe endhek ing pabrik rokok, ibune uga ibu rumah tangga biasa.
C. Dheweke mung njagakake kiriman saka bapake. Dheweke ya ora entuk
beasiswa.
D. Deni kandha, menawa dheweke oleh rejeki maneh bakal nraktir aku
lan kanca-kancaku kabeh.

Jawaban: A

6. Ing ngisor iki paribasan sing tegese mung njagakake rejeki utawa asil mung saoleh-olehe , yaiku ....
A. Adang-adang tetesi embun
B. Blilu tau, pinter during nglakoni
C. Cebol nggayuh lintang
D. Durung pecus keselak besus

Jawaban: A

7. Ing ngisor iki pepindhan sing tegese njarag tumuju marang bebaya, yaiku kaya ....
A. kuthuk marani sunduk
B. lintang alihan
C. ngaru napung
D. niba-nangi

Jawaban: A

8. Ing ngisor iki bebasan sing tegese rebutan barang sepele yaiku ....
A. Arep jamure ora arep watangane
B. Emban cindhe, emban siladan
C. Ora uwur ora sembur
D. Rebut balung tanpa isi

Jawaban: D

9. Ing ngisor iki saloka sing tegese gegayuhan kang ora imbang karo kekuwatane, yaiku ....
A. Asu belang kalung wang
B. Bathok bolu isi madu
C. Cecak nguntal empyak
D. Dom sumurup banyu

Jawaban: C

10. Jinis ragam basa manut panganggone sing trep manut unggah-ungguh yaiku ....
A. Basa formal-basa informal
B. Basa tulis -basa lisan
C. Basa ngoko basa-basa krama.
D. Basa gancaran-basa sastra

Jawaban: C

11. Ragam dialek surabayaan, bojonegoroan, malangan, lan sapanunggalane, ragam basa sing dititik saka ....
A. panganggone
B. wilayahe
C. sapa sing nganggo
D. situasine

Jawaban: B

12. Ragam basa formal lan informal, ragam basa sing dititik saka ....
A. panganggone
B. wilayahe
C. sapa sing nganggo
D. situasine

Jawaban: B

13. Nalika ketemu wong sepisanan kudu mbungkukake awak lan manthuk, ngucap salam, lagi salaman yen lanang padha lanang utawa wadon padha wadon. 

Ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah-ungguh klebu ragam basa ....
A. basa ngoko lugu
B. basa ngoko alus
C. basa krama lugu
D. basa krama alus

Jawaban: B

14. Wonten ing pasrawungan saben dinten tiyang Jawi anggadhahi pranatan ingkang mligi, ingkang kawastanan tata krama.

Ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah-ungguh klebu ragam basa ....
A. basa ngoko lugu
B. basa ngoko alus
C. basa krama lugu
D. basa krama alus

Jawaban: D

15. Ukara ing ngisor iki sing paling trep manut aturan unggah-unggah yaiku ....
A. Kula sampun nyuwun arta, nanging dereng dipunparingi kalih ibu.
B. Kula empun nedha arta, nanging dereng disukani kalih ibu.
C. Kula sampun nedhi yatra, ning dereng disukani kalih ibu.
D. Kula empun nedhi yatra nanging dereng diparingi ibu.

Jawaban: A

16. Andik : Assalamualaikum
Pak Danu : Waalaikumsalam, mangga nak, kene mlebu kene.
Andik : Inggih pak, matur nuwun.
Pak Danu : Njanur gunung dolan mrene, ana perlu apa kok sajak wigati banget banget.
Dewi : Menika lho pak, kula sakanca pengin ngertos usaha krupuk puli kagungan panjenengan.
Pak Danu : Apa bae sing pengin dingerteni nak?
Andik : Punika lo pak, kanca-kanca pengin ngertos usaha panjenengan.
Dewi : .........................................................
Pak Danu : Usaha krupuk iki dakjenengake ”Sumber Rejeki”

”Njanur gunung dolan mrene, ana perlu apa kok sajak wigati banget”. Tembung njanur gunung tegese ....
A. godhonge klapa
B. kadingaren
C. blarak enom
D. godhong aren

Jawaban: B

17. Teks ing dhuwur nggambarake kegiatan ....
A. pacelathon
B. dhialog
C. wawancara
D. omong-omongan

Jawaban: A

18. Tema sing trep kanggo teks ing dhuwur yaiku ....
A. Usaha krupuk puli
B. Home indhustri krupuk puli
C. Krupuk puli Sumber Rejeki
D. Usaha pak Danu

Jawaban: C

19. Tujuan disusun pedhoman wawancara kaya ing ngisor iki, kajaba ....
A. Supaya anggone nindakake wawancara runtut lan genep.
B. Supaya ora ana pitakonan kang kliwatan.
C. Supaya wawancara ora lumaku suwe.
D. Supaya wawancara lumaku lancar lan mawa arah.

Jawaban: C

20. Ukara kanggo nggenepi teks pacelathon ing dhuwur sing trep yaiku ...
A. Apa jenenge usaha sampeyan pak?
B. Menapa naminipun usaha panjenengan pak?
C. Sinten naminipun usaha panjenengan pak?
D. Sapa jenenge usaha panjenengan pak?

Jawaban: B

21. Wong sing dijak wawancara priyayine luwih tuwa, basa sing digunakake apike ....
A. basa ngoko lugu
B. basa krama lugu
C. basa ngoko alus
D. basa krama alus

Jawaban: D

22. Sing klebu tuladhane ukara tanduk yaiku ....
A. Krupuk puli iki diprodhuksi wiwit aku isih cilik.
B. Pak Tarno nampa pesenan kripik gedhang sawayah-wayah.
C. Pesenan dakkirim seminggu sepisan.
D. Rempeyek kacang prodhuk sing paling disenengi pelanggan.

Jawaban: B

24. Bubar lulus SMA? Pengin enggal nyambut gawe? Melu wae kursus! Suwene patang sasi! Dijamin lulus langsung nyambut gawe. Panjenengan rawuh wae menyang lembaga pendhidhikan lan kursus Hangtuah! Nganakake kursus kemaritiman, komputer, montir, baby sitter, basa Inggris, basa Jepang,
basa Cina, pertukangan, komputer lan teknisi HP.

Perangan ana ing iklan kaya katur ing dhuwur diarani ....
A. headline
B. subheadline
C. tagline
D. productshot

Jawaban: B

25. Ing ngisor iki titikane pariwara/iklan sing bener yaiku....
A. ukarane ngajak-ajak 
B. ukarane mamerake 
C. ukarane nyenengake 
D. ukarane ngujuk-ujuki 

Jawaban: B

26. Iklan kang nduweni titikan / paugeran kaya ing ngisor iki kalebu jinise iklan....
1) Nduweni tujuan mbentuk kesadharan lan pengetahuan bab prodhuk utawa fitur-fitur saka produk kang wis ana.
2) Njelasna cara kerja prodhuk.
3) Menehi informasi rega lan kemasan prodhuk
4) Ngoreksi prodhuk

A. iklan informatif
B. iklan persuasif
C. iklan reminder
D. iklan profokatif

Jawaban: A

27. Iklan kang nduweni tujuan kanggo nawakake sawijine prodhuk barang lan jasa, lire ndayani masyarakat minangka pelanggan utawa pangsa pasar supaya ketarik, rumangsa butuh, lan wusanane gelem tuku utawa nggunakake barang lan jasa sing ditawakake diarani .....
A. iklan komersial
B. iklan layanan masyarakat
C. iklan persuasif
D. iklan reminder

Jawaban: A

28. Nyambuta gawe ngrekasa yen durung rejekine ya uripe pancet pas-pasan.

Tembung: nyambuta gawe ngrekasa ing ukara kasebut tegese ....
A. Saupama nyambut gawe ngrekasa
B. Sanajan nyambut gawe ngrekasa
C. Saupama nyambut gawe ngrekasa
D. Prentah supaya nyambut gawe ngrekasa

Jawaban: B

29. Tembung kang dirimbag kanthi panambang /-a/ kang ateges sanajan, saupama, utawa pangarep-arep diarani ....
A. tembung sambawa
B. tembung hagnya
C. tembung saroja
D. tembung kriya

Jawaban: B

30. ꦱꦼꦏꦺꦴꦭꦃ

Kalimat ing ndhuwur yen diwaca nganggo huruf latin yaiku … 

A. Selokan
B. Belokan
C. Sekolah
D. Sekolam

Jawaban: C

(Tribunnews.com)

Rekomendasi untuk Anda

Berita Terkini

© 2026 TribunNews.com, a subsidiary of KG Media. All Right Reserved