Kunci Jawaban
Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 8 Halaman 11: Cerkak Budi Dhemen Tetulung
Berikut ini kunci jawaban Bahasa Jawa kelas 8 Halaman 11 tentang Cerkak Budi Dhemen Tetulung. Tintingana unsur intrinsik lan ekstrinsike.
Penulis:
Yunita Rahmayanti
Editor:
Whiesa Daniswara
TRIBUNNEWS.COM - Berikut ini kunci jawaban Bahasa Jawa kelas 8 halaman 11.
Soal kunci jawaban ini diambil dari buku paket Kirtya Basa atau Bahasa Jawa kelas 8, Bab 1.
Siswa diharapkan dapat mengerjakan soal secara mandiri terlebih dahulu.
Orang tua atau wali dapat membantu proses belajar dengan melihat pada kunci jawaban.
Kunci jawaban ini hanya digunakan sebagai referensi.
Baca juga: Kunci Jawaban IPA Kelas 9 Halaman 78 Kurikulum 2013, Semester 1: Tumbuhan Angiospermae
Wacanen teks "Budi Dhemen Tetulung", banjur tintingana unsur intrinsik lan ekstrinsike kanthi ngisi tabel kang sumadiya!
Jawaban:
Unsur Intrinsik
1. Tema: Budi pakerti
Bukti: Cerkak nyritakake Budi sing sregep lan seneng tetulung marang sapa wae, tumindake Budi kasebut budi pakerti kang becik.
2. Alur/plot: Alur maju
Bukti: Cerkak nyritakake runtut, diwiwiti saka Budi nulung Bu Ani fotocopi soal nganti bali maneh menyang kelas sabubare fotocopi lan ora ono alur crita kang dibaleni.
Baca juga: Kunci Jawaban Bahasa Indonesia Kelas 4 Halaman 80 Kurikulum Merdeka: Dikenal karena Menari, Bab 4
3. Latar/setting: katrangan wektu, katrangan papan panggonan lan katrangan swasana.
Bukti:
- Katrangan wektu: Wektu jam sekolah, yaiku wayah awan.
- Katrangan papan panggonan: Ing njero kelas, ing parkiran, ing bengkel, lan ing dalan.
- Katrangan swasana: Sedhih, semangat, sumelang, lego, lan bungah.
4. Paraga/pamaragan: Paraga utamane Budi lan watake seneng tetulung.
Pak Darso watake tresna marang putrane lan ora gelem nggawe repot wong Budi.
Bu Ani watake lalen lan sabar.
Bukti: Budi nulung Bu Ani potokopi gladhen soal uga nulung pak Darso ngganti ban skuter.
Bu Ani lali ora ngasta kertas gladhen soal lan ora duka nalika Budi kesuwen potokopi soal.
Pak Darso sumelang amarga putrane lara banjur enggal-enggal arep niliki lan ora gelem ngrepoti Budi nalika ban skutere gembos.
5. Sudut pandang: Penulis nulis crita nganggo pratama purusa utawa wong katelu.
Bukti: Penulis nyritakake prastawa sing dialami paraga Budi, Bu Ani, Pak Darso, lan kanca-kancane Budi nganggo sudut pandang wong katelu ing sajabane crita.
Baca juga: Kunci Jawaban Tema 2 Kelas 6 Halaman 79 Pembelajaran 4 Buku Tematik: Ayo Mencoba
6. Amanah/pesen: Dadi bocah kudu dhemen tetulung marang sapa wae ora perlu mbedakake kanga rep ditulung.
Bukti: Budi dhemen tetulung marang sapa wae tanpa pilih kasih.
B. Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik cerkak ing Budi Dhemen Tetulung yaiku gambaran ngenani unsur:
- Jaman: jaman saiki.
- Adat istiadat: adat wong Jawa.
- Prilaku: Budi gadhah prilaku kang becik, Bu Guru Ana gadhah prilaku kang sabra, Pak Darso gadhah prilaku kang sayang karo putrane.
*) Disclaimer:
Kunci jawaban ini ditujukan untuk orang tua atau wali dalam memandu proses belajar anak.
Anak harus mengerjakan soal terlebih dahulu secara mandiri.
Tribunnews.com tidak bertanggung jawab dalam perbedaan kunci jawaban ini dengan jawaban siswa.
(Tribunnews.com/Yunita Rahmayanti)
Artikel lain terkait Kunci Jawaban
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.