Minggu, 10 Agustus 2025

Soal Latihan

30 Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 2 Kurikulum Merdeka dan Kunci Jawaban SAS

Inilah 30 soal PAS mata pelajaran Bahasa Jawa kelas 4 SD/MI semester 2 Kurikulum Merdeka dan kunci jawaban SAS.

Kolase Tribunnews.com/Canva
SOAL PAS BAHASA JAWA - Grafis soal PAS Bahasa Jawa kelas 4 semester 2 yang dibuat di aplikasi Canva Premium, Selasa (3/6/2025). Inilah 30 soal PAS mata pelajaran Bahasa Jawa kelas 4 SD/MI semester 2 Kurikulum Merdeka dan kunci jawaban Sumatif Akhir Semester (SAS) Bahasa Jawa kelas 4. 

Kunci Jawaban: c. dhuku cilik-cilik

14. Dodotira, dodotira
Kumitir bedhah ing pinggir
Dondomana jlumatana
Kanggo seba mengko sore

Larik tembang dolanan ing dhuwur duwe wos yaiku ....
a. arep ngadhep ing ngarsane priyayi kudu nyandhang sing rapi lan becik
b. jlumati klambi sing bedhah kanggo dolan mengko sore
c. klambi pancen lumrah bedhah saka pinggir
d. klambi sing bedhah kudu didondomi supaya rapi

Kunci Jawaban: a. arep ngadhep ing ngarsane priyayi kudu nyandhang sing rapi lan becik

15. Sandhangan swara kanggo ngowahi swara dadi [o] yaiku ....

a. taling tarung
b. suku
c. wulu
d. taling

Kunci Jawaban: a. taling tarung

16. Panaske malam utawa lilin ing wajan kanthi geni kang cilik nganti lilin mau cuwer. Aja nggunakake geni kang gedhe supaya suhu kompor bisa ajeg! Jupuken malam kanthi nganggo canthing! Gambarana kain putih sing wis ana polane nganggo canthing jumbuh karo gambaran pola sing wis digawe!

Saka paragrap ing dhuwur, ukara kang nuduhake pamenging yaiku ....
a. Gambarana kain putih sing wis ana polane nganggo canthing jumbuh karo gambaran pola sing wis digawe!
b. Panaske malam utawa lilin ing wajan kanthi geni kang cilik nganti lilin mau cuwer.
c. Aja nggunakake geni kang gedhe supaya suhu kompor bisa ajeg!
d. Jupuken malam kanthi nganggo canthing!

Kunci Jawaban: c. Aja nggunakake geni kang gedhe supaya suhu kompor bisa ajeg!

17. Ing ngisor iki kang nuduhake struktur teks prosedur kanthi urut yaiku ....

a. alat Ian bahan, tujuan, trap-trapan, kesimpulan
b. tujuan, alat Ian bahan, kesimpulan
c. judul, tujuan, alat lan bahan, trap-trapan, kesimpulan
d. trap-trapan, tujuan, alat Ian bahan, kesimpulan

Kunci Jawaban: c. judul, tujuan, alat lan bahan, trap-trapan, kesimpulan

18. Sajroning teks prosedur ngandhut ukara prentah utawa kalimat perintah. Dene ukara ing ngisor kang nuduhake ukara prentah yaiku ....

a. Bakso wis siap dicawisake.
b. Bocah cilik tamtu seneng karo bakso.
c. Godhong sawi bisa ditambahake kanggo ijon-ijon.
d. Godhogen glindhingan bakso ing banyu kang umob!

Kunci Jawaban: d. Godhogen glindhingan bakso ing banyu kang umob!

19. Ing ngisor iki kang nuduhake perangan kang nuduhake material sajroning teks prosedur yaiku ....

a. setengah kilo gula pasir
b. bubur diudhak alon nanging ajeg
c. godhong gedhang ditekuk dadi pincuk
d. bubur banjur diwadhahi pincuk

Kunci Jawaban: a. setengah kilo gula pasir

20. Kanggo seba mengko ...
Mumpung padhang ...
Tetembungan kang trep kanggo njangkepi pethilan tembang ing dhuwur yaiku ....

a. awan, langite
b. sore, langite
c. awan, rembulane
d. sore, rembulane

Kunci Jawaban: d. sore, rembulane

21. Tembang dolanan ditembangake sinambi dolanan karo kanca-kanca. Kajaba nyenengake, bisa gawe rakete kekancan. Dene ing ngisor kang ora nuduhake titikane tembang dolanan, yaiku ....

a. migunakake tetembungan sing prasaja
b. asipat seneng lan gumbira
c. kaiket dening aturan tartamtu
d. bisa kairing gamelan kanthi laras slendro lan pelog

Kunci Jawaban: c. kaiket dening aturan tartamtu

22. Tembang dolanan kapantha dadi loro. Tembang dolanan sing ora diweruhi sapa sing nganggit lan tegese tembung angel dimangerteni klebu tembang dolanan ....

a. gagrag lawas
b. gagrag klasik
c. gagrag tradhisional
d. gagrag anyar

Kunci Jawaban:a. gagrag lawas

Gatekna wacan ing ngisor kanggo mangsuli pitakonan nomer 23–26!

Teh minangka jinis minuman sing lumrah ditemoni ing masarakat. Nalika esuk kanggo kanca sarapan utawa ngemil wayah awan apadene sore. Gawe teh ora angel. Jaman saiki wis ana jinis teh celup.

Alat lan bahan sing dibutuhake, yaiku siji kanthong teh celup, gula sacukupe, banyu panas, gelas, lan sendhok. Cara kanggo gawe, yaiku isenana gelas nganggo banyu panas sacukupe. Banjur, celupna kanthong teh ing gelas sing wis isi wedang panas. Aja lali lebokna gula sacukupe miturut kasenengan. Udhaken banyu nganti gulane ajur! Teh panas wis sumadiya.

23. Pratelan kang trep karo surasane wacan ing dhuwur yaiku ....

a. teks prosedur nindakake sawijining kagiyatan
b. teks prosedur nggunakake sawijining piranti
c. teks prosedur cara gawe sawijining bab yaiku teh
d. teks prosedur ngandharake mun pangatake sawijining barang

Kunci Jawaban: c. teks prosedur cara gawe sawijining bab yaiku teh

24. Paragrap kapisan sajroning wacan klebu ing perangan ....

a. tujuan
b. alat lan bahan
c. trap-trapan
d. kesimpulan

Kunci Jawaban: a. tujuan

25. Saka wacan ing dhuwur kang nuduhake katrangan piranti yaiku ....

a. wedang panas lan teh
b. gelas lan sendhok
c. teh lan gula
d. gula lan wedang panas

Kunci Jawaban: b. gelas lan sendhok

26. Adhedhasar surasane, klebu teks prosedur sederhana amarga .... 

a. mbutuhake wektu kang suwe kanggo nindakake
b. sapa bae bisa nindakake cara kasebut
c. isine ngandhut akeh trap-trapan kang ora gampang
d. trap-trapane sajroning teks ora mbutuhake cara sing akeh lan wektu sing suwe

Kunci Jawaban: d. trap-trapane sajroning teks ora mbutuhake cara sing akeh lan wektu sing suwe

27. Gatekna cara kramas ing ngisor iki!

  • Telesi rambut nganggo banyu resik!
  • Wenehana sampo ing epek-epek tangan!
  • ...
  • Bilas rambut nganti resik!

Katrangan kang trep kanggo ngiseni ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ....
a. Gosoken ing tangan nganti munthuk!
b. Waratakna sampo ing rambut banjur dipijet alon!
c. Pijet rambut kanthi alon-alon!
d. Tambahana banyu sacukupe!

Kunci Jawaban: b. Waratakna sampo ing rambut banjur dipijet alon!

28. Gatekna pratelan ukara ing ngisor!

  1. Lebokna banyu 3‒5 cm sandhu wuring beras sing wis dipu susi! Godhog nganti setengah mateng!
  2. Lebokna kethokan pohung, ja gung, lan uwi! Godhog nganti mateng!
  3. Udhaken nganti bubur dadi ken thel!
  4. Lebokna siji mbaka siji sayuran ing bubur! Mangsak nganti kabeh mateng lan bubur dadi kenthel!

Pratelan ukara ing dhuwur nuduh ake perangan struktur teks prosedur sing diarani ....

a. alat lan bahan
b. kesimpulan
c. trap-trapan
d. tujuan

Kunci Jawaban: c. trap-trapan

29. Katrangan kang nuduhake trap-trapan nindakake sawijining prosedur ana ing bagean ....

a. material
b. langkah-langkah
c. penutup
d. tujuan

Kunci Jawaban: b. langkah-langkah

30. Jinis teks prosedur kang surasane ngandhut akeh trap-trapan kang kudu nengenake tliti maca trap-trapan kanggo gawe yaiku ....

a. teks prosedur protokol
b. teks prosedur sederhana
c. teks prosedur prasaja
d. teks prosedur kompleks

Kunci Jawaban: d. teks prosedur kompleks

Disclaimer:

  • Artikel ini hanya ditujukan kepada orangtua untuk memandu proses belajar anak.
  • Sebelum melihat kunci jawaban, siswa harus terlebih dahulu menjawabnya sendiri, setelah itu gunakan artikel ini untuk mengoreksi hasil pekerjaan siswa.

(Tribunnews.com/Sri Juliati)

Sumber: TribunSolo.com
Berita Terkait

Berita Terkini

© 2025 TribunNews.com, a subsidiary of KG Media. All Right Reserved
About Us Help Privacy Policy Terms of Use Contact Us Pedoman Media Siber Redaksi Info iklan