Soal Latihan
30 Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 8 Semester 1 Kurikulum Merdeka dan Kunci Jawaban SAS, ASAS
Berikut 30 soal PAS Bahasa Jawa Kelas 8 Semester 1 Kurikulum Merdeka lengkap dengan kunci jawaban SAS, ASAS.
12. Ragam basa formal lan informal, ragam basa sing dititik saka ....
A. panganggone
B. wilayahe
C. sapa sing nganggo
D. situasine
Jawaban: B
13. Nalika ketemu wong sepisanan kudu mbungkukake awak lan manthuk, ngucap salam, lagi salaman yen lanang padha lanang utawa wadon padha wadon.
Ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah-ungguh klebu ragam basa ....
A. basa ngoko lugu
B. basa ngoko alus
C. basa krama lugu
D. basa krama alus
Jawaban: B
14. Wonten ing pasrawungan saben dinten tiyang Jawi anggadhahi pranatan ingkang mligi, ingkang kawastanan tata krama.
Ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah-ungguh klebu ragam basa ....
A. basa ngoko lugu
B. basa ngoko alus
C. basa krama lugu
D. basa krama alus
Jawaban: D
15. Ukara ing ngisor iki sing paling trep manut aturan unggah-unggah yaiku ....
A. Kula sampun nyuwun arta, nanging dereng dipunparingi kalih ibu.
B. Kula empun nedha arta, nanging dereng disukani kalih ibu.
C. Kula sampun nedhi yatra, ning dereng disukani kalih ibu.
D. Kula empun nedhi yatra nanging dereng diparingi ibu.
Jawaban: A
16. Andik : Assalamualaikum
Pak Danu : Waalaikumsalam, mangga nak, kene mlebu kene.
Andik : Inggih pak, matur nuwun.
Pak Danu : Njanur gunung dolan mrene, ana perlu apa kok sajak wigati banget banget.
Dewi : Menika lho pak, kula sakanca pengin ngertos usaha krupuk puli kagungan panjenengan.
Pak Danu : Apa bae sing pengin dingerteni nak?
Andik : Punika lo pak, kanca-kanca pengin ngertos usaha panjenengan.
Dewi : .........................................................
Pak Danu : Usaha krupuk iki dakjenengake ”Sumber Rejeki”
”Njanur gunung dolan mrene, ana perlu apa kok sajak wigati banget”. Tembung njanur gunung tegese ....
A. godhonge klapa
B. kadingaren
C. blarak enom
D. godhong aren
Jawaban: B
17. Teks ing dhuwur nggambarake kegiatan ....
A. pacelathon
B. dhialog
C. wawancara
D. omong-omongan
Jawaban: A
:quality(30):format(webp):focal(0.5x0.5:0.5x0.5)/tribunnews/foto/bank/originals/SISWA-SD-ujian-1.jpg)