Soal Latihan
30 Soal PSAJ Bahasa Jawa Kelas 6 2026 Semester 2 dan Kunci Jawaban PAS ASAS ASAT PAT
Soal PSAJ Bahasa Jawa Kelas 6 2026 Semester 2 dan Kunci Jawaban PAS ASAS ASAT PAT sebagai bahan latihan belajar agar mendapat hasil yang maksimal.
12. Wacanen wacan ngisor kil
"Pentinge njaga Lingkungan"
Lingkungan sing resik lan sehat penting banget kanggo kelangsungan urip manungsa dan makhluk liyane. Nanging, awak dewe sering ngabekno karesikan lingkungan, padahal karesikan iku ya tanggung jawab bareng Sampah sing numpuk isa nyebabno polusi sing berbahaya kanggo kesehatan. Amarga iku, awak dewe kudu luwih peduli lan aktif njaga karesikan lingkungan. Di mulai saka hal-hal sing cilik disik kayata mbuang sampah ing bak sampah, ngurangi ngnggo plastik, lan njaga karesikan panggonane dewe-dewe. Yen isa njaga karesikan lingkungan, brarti uga nglestarikno alam lan njaga kesehatan generasi sing sak lanjute.
Miturut wacan kuwi, apa sing bisa dilakoni kanggo njaga karesikan lingkungan?
a. nggunakno plastik sekali pakai
b. mbuang sampah ing bak sampah
c. ora perlu ngresiki panggonane dewe-dewe.
d. nunggu pihak kelurahan sing ngresiki lingkungane.
Kunci Jawaban: B
Baca juga: 75 Soal PSAJ Bahasa Inggris Kelas 6 dan Kunci Jawaban PAT, PAS, UAS, ASAS, ASAT
13. Wacaen tembang macapat ngisor iki!
Yen was tinitah wong agung
Aja sira gumunggung dhiri
Aja raket lan wong ala
Kang ala lakunireku
Nora wurung ngajak-ajak
Satemah anenulari
a. Yen ditakdirno wong sing mulya, aja dadi sombong. Adohi kumpul karo wong kang ala, arnarga perilakune pada jahat. Suwe-suwe mesti iso ngaruh ing awakmu lan akhir isa njerumusno kowe
b. Suk yen wis sugih aja lali ngamale. Dunya ora digawa pati, rupa mung sak wetara. Titahe wong tua dilakoni supaya ora salah dalane urip sing dilakoni.
c. Ora lali dedunga marang Kang Maha Agung supaya dadi wong Mulya uripe. Aja mbanggakno diri kabeh ngunu mung titipan. Yen Gusti nakdirake ilang sekabehane hakal ilang sak wetara. Mula kudu ati-ati lan nestiti saben ucap lan sikape.
d. Kudu eling perjuangane wong tuwa. Cilik diopeni lan disekolahno amarga wong tuwa duwe kekare supaya ana-anake urip mulya isa mbanggakno keluarga
Kunci Jawaban: A
14. Gatekno ukara-ukara nisor iki!
1) Rani neng dalan ketemu koncone sekolah.
2) Dina Senen Rani mangkat sekolah.
3) Jam pitu kurang sepuluh ment Rani lan kancane wis tekan sekolah.
4) Rani Pamit disik karo ibune.
5) banjur menyang sekolah bareng koncone.
Urutan sing bener supaya dadi teks narasi sing apik yaiku....
a. 2-4-1-5-3
b. 2-1-4-3-5
c. 2-4-1-3-5
d. 2-1-3-4-5
Kunci Jawaban: A
15. Wacanen teks ing ngisor iki!
Candhi Borobudhur dumunung ana ing sakidul kulone Kutha Muntilan Kabupaten Magelang Jawa Tengah. Candhi Barabudbur dumadi saka 9 tataran yaiku enem teras wujud pasagi lan telu wujud bundher, kanthi pucukan wujud cungkup ing pusere. Candhi iki direnggani panel relief cacah 2.672 lan reca Buda cacah 504. Cungkup pusere kinubengan reca Buda lungguh cacah 72 sing padha dipapanake ing njero stupa-stupa sing bolong-bokong. Tekan saiki, Candhi Barabuchur isih dadi papan tirakat. Wong-wong Buddha padba ngrayakake Wesak ing candhi iki saben tahun.Candi Barabudhur uga wis kondhang kaloka dadi papan wisata kang gawe gumun turis Indonesia lan mancanegara.
Tembung kang kacetak kandel duweni teges....
a. Megah
b. Terkenal
c. Lawas
d. Adoh
Kunci Jawaban: B
16. Wacanen teks pawarta ing ngisor ikil
Taun iki Kawasan Kota Lama Surabaya bakal dikembangno. Fokus utamane yaiku pengembangan Kampung Tematik dan Ekonomi Kreatif (Ekraf) ing 31 kecamatan. Kepala Badan Perencanaan Pembangunan Daerah, Penelitian, dan Pengembangan (Bappedalitbang) Surabaya Irvan Wahyudradjad dawuh yen pengembangan pariwisata arep difokusno ing sak jumlah kawasan nganggo konsep wisata terintegrasi. "Salah sijine program utama yaiku lanjutan pengembangan Kawasan Kota Lama Surabaya karo hubungno aktivitas ing patang kawasan bersejarah, yaiku Eropa, Arab, Pecinan, dan Melayu," kata Irvan, Kemis ((30/1) / 2025)
Ide pokok alenia sing ketelu yaiku....
a. Pemkot Surabaya ngembangno kampong kreatif
b. Kepala Bappedalithang yaiku Irvan Wahyudradjad
c. Program utama pengembangan Kawasan Kota Lama
d. Kampung Tematik dan Ekonomi Kreatif (Ekraf) ana 31 kecamatan
Kunci Jawaban: C
17. Goooong
(Dening: Auliya Azizah)
Dak deleng gong gumantung ing gayor
ana sing cilik ana sing gedhe
endah disawang kepenak dirungu
Kabeh nunggu giliran ditabuh
ora ana sing meri drengki
ora ana sing cupet budine
ora ana sing rumangsa dikuwalonake
Ora beda karo kulawargaku
adhik nyapu latar aku ngumbah motor
ibu tata dhahar bapak tindak kantor
kabeh meres kringet... meres piker
gung... goong gaaaooong....
Ukara sing padha tegese karo sing kacethak kandhel lan miring yaiku....
a. gong ora ana sing rebutan ditabuh
b. gong kudu ditabuh bebarengan
c.gong iku piranthi gamelan sing ditabuh
d.gong ditabuh urut giliran saka sing cilik nganti gedhe
Kunci Jawaban: C
Banjir Garut
Dina Selasa, tanggal 20 September 2016, wayah jam 19.00 WIB, udan deras marakake debit banyu kali Cimanuk lan kali Cikamuri ing kutha Garut, Propinsi Jawa Kulon munggah kanthi cepet. Ing jam 20.00 WIB banjir kedadean nganti sadhuwur dhengkul, lan ing jam 23.00 WIB dhuwure banjir wis kira-kira 2 meter. Wayah isuk jam 07.15 WIB banyu banjir wis kari 50 sentimeter.
18. Dhuwure banjir sadhengkul ing kutha Garut diwiwiti jam...
a. 07.15 WIB
b. 19.00 WIB
c. 20.00 WIB
d. 23.00 WIB
Kunci Jawaban: C
19. Paribasan: Diwenchi ati ngrogoh....
Tegese : Wis diwenehi sethithik malah njaluk akeh
Tembung sing mathuk kanggo njangkepi paribasan ing dhuwur yaiku...
a. duit
b. rempela
c. sak klambi
d. kurungan
Kunci Jawaban: B
20. Wacanen penggalan teks pidato kang setiti!
Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Bapak-bapak lan ibu-ibu, saha para kanca karang taruna, tujuan pepanggihan menika kangge ngrancang adicara Agustusan. Mangga sesarengan kita ngrancang jadwalipun. Lajeng kegiatan utawi lomba-lomba menapa ingkang badhe dipun wontenaken. Ingkang baku saged ngregengaken adicara Agustusan kanthi guyup-rukun ing kelurahan mriki.
Tema sing cocok karo teks pidato ing dhuwur yaiku.....
a. rapat ngrancang gotong royong
b. rapat ngracang plesiran
c. rapat ngrancang pitulasan kamardikan
d. rapat ngrancang adicara
Kunci Jawaban: C
21. BREBES-M Lutfi, bocah enorm seka Désa Losari Lor, Kecamatan Losari, Kabupatén Cirebon Jawa Barat, dicekel polisi nang Brebes, dina Kemis (28/7/2022). Bocah umur 28 kuwé ditangkep gara-gara malak wong numpak motor lan ngaku-ngaku dadi polisi Sadurungé dicekel, pelaku nembé baé nglakoni aksinė wektu malak wong lagi numpak motor sing nglinter nang sekitar Flyover Kersana ruas tol Pejagan-Pemalang. Wektu dicekel, pelaku ya ora bisa mungkir lan ngakoni perbuatané. Pelaku ya langsung digawa maring Mapolres Brebes.
Kapolsek Kersana Suratman AKP Suratman ngungkapna kronologi kedadénané. Wektu kuwé, rong pelaku sing njalakna motor, awalé ngintili korbané seka Jalur Pantura Cimohong Kecamatan Bulakamba. Seanjogé nang Jembatan Layang Kersana, motoré korban dipépét lan diadang mugané korbané mandeg.
"Pelaku ngaku dadi anggota Polsek Tanjung lan nodongna korék pistol maring arah korbané. Korban latané gemboran njaluk tulung warga lan sa pelaku bisa dicekel sementara batiré pada kabur." jelasé.
Tembung ing dhuwur klebu teks informasi...
a. persuasi
b. pawarta
c. pariwara/iklan
d. sesanti slogan
Kunci Jawaban: B
22. Coba gatekna tembung sesanti ing ngisor iki!
1. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung
2. Sepi ing pamrih, rame ing gawe
3. Mikul dhuwur mendhem jero
4. Aja dumeh
Bayu bocah kang ngabekti marang wong tuane lan ora tau mbukak alane wong tua, sesanti sing trep karo ukara iki yaiku nomer......
a. 4
b. 3
c. 2
d. 1
Kunci Jawaban: B
23. Gatekna tembang macapat dhandhanggula ing ngisor iki!
Nanging yen sira nggeguru kaki Amiliha manungsa kang nyata, Ingkang becik martabate Sarta kang wrah ing kukum, Kang ngibadah lan kang ngirangi, Sukur oleh wong tapa, Ingkang wus ammingkul, Tan mikir pawewehingliyan, Iku pantes sira guronana kaki, Sartane kawrulsana
Tembang dhandhanggula ing dhuwur guru wilangan lan guru lagune gatra siji lan lima
yaiku....
a. 10a lan 7a
b. 10i lan 91
c. 10a lan fiu
d. 10i lan 10a
Kunci Jawaban: B
24. Ing ngisor iki sing kalebu jinise pariwara yaiku
a. beras kencur Hj. Surtini seger lan nyehatake
b. gunakno banyu sacukupe
c. lemah longsor mendhem ewon omah
d. Salamdent, odol masa kini
Kunci jawaban: D
25. Tembang ing ngisor iki, kang kalebu tembung macapat yaiku ....
a. Pangkur
b. Durma
c. Gambang Suling
d. Jamuran
Kunci jawaban: A
26. Tembang macapat yaiku tembang kang kaiket dening paugeran ..., ..., lan guru lagu.
a. guru gatra
b. guru basa
c. guru wilangan
d. guru swara
Kunci jawaban: C
Baca juga: 100 Soal Bahasa Inggris Kelas 6 dan Kunci Jawaban UAS, PAS, PSAJ, ASAS
27. Sing kalebu unen-unen jawa, yaiku ....
a. paribasan
b. saloka
c. andharan
d. panceran
Kunci jawaban: A
28. Ing ngisor iki kang kalebu tuladhane saloka yaiku ....
a. Ijo royo-royo
b. Jer basuki mawa beya
c. Ula marani gepuk
d. Kebo nusu gudel
Kunci jawaban: B
29. Unen-unen ing ngisor iki kang nduweni teges padha yaiku ....
a. Iwak mlebu ing wuwu
b. Buru uceng kelangan deleg
c. Ula marani gepuk
d. Kebo nusu gudel
Kunci jawaban: B
30. Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar (kiasan) lan ngemu surasa pepindhan. Tuladha kang mathuk karo pangerten ing dhuwur yaiku ....
a. Abang-abang lambe
b. Jer basuki mawa beya
c. Adugang adigung adiguna
d. Ancik-ancik pucuking eri
Kunci jawaban: D
(Tribunnews.com/Muhammad Alvian Fakka)
:quality(30):format(webp):focal(0.5x0.5:0.5x0.5)/tribunnews/foto/bank/originals/ptm-100-persen-kota-tangerang_20220404_101137.jpg)