Selasa, 19 Agustus 2025

Lebaran 2023

Teks Khutbah Idul Fitri 2023 dalam Bahasa Jawa Singkat

Contoh teks khutbah Idul Fitri 2023 dalam Bahasa Jawa yang singkat dan berjudul Wangsul Dateng Fitrah.

Penulis: Sri Juliati
Editor: Daryono
TRIBUNNEWS/HERUDIN
Ribuan umat muslim melaksanakan Salat Idul Fitri 1 Syawal 1443 Hijriah di Kawasan Jatinegara, Jakarta Timur, Senin (2/5/2022). Simak contoh teks khutbah Idul Fitri 2023 dalam Bahasa Jawa yang singkat dan berjudul Wangsul Dateng Fitrah. 

'Iedul Fithri bade tansah kedadosan malih saben tahun, mila mesti wonten hikmah utawi piwucal ingkang saged kita pendhet saking mriku.

Piwucal ingkang saged kita pendet kanthi cepet inggih punika piwucal supados kita wangsul dateng fithrah kita minangka manungsa, wangsul dateng asal mula bukanipun manungsa, sinten sejatinipun, lan kangge napa wontenipun.

Ingkang kawitan, fithrahipun manungsa punika makhluk ingkang dipun damel dening Gusti Allah.

Mboten jalaran kita ingkang kepengin lajeng kita wujud. Ugi mboten jalaran kepenginipun bapak ibu.

Nyatanipun, mboten saking kawitan kita ngertos bilih kita punika manungsa.

Tunggu ngantos paling mboten pitung tahun kita nembe ngertos bilioh kita punika manungsa.

Nyatanipun, kathah lare ingkang lahiripun mboten dipun kepengini bapak ibunipun, nembe lahir lajeng dipun bucal ber, utawi dipun tilar lar, utawi malah awit taksih wonten lebet wetengan, tiyang sepuhipun sampun ngupayaaken sak sagedipun bade ngguguraken.

Sewangsulipun, kathah tiyang sepuh ingkang ngotot sanget supados gadhah anak ingkang mangkenipun bade dados manungsa, tah nyatanipun mboten kasil.

Dados, sepisan malih, ingkang kawitan kedah dipun sadari, manungsa, kita sedaya nggih manungsa, punika makhluk, dipun damel, dipun ciptaaken.

هللا أكرب أهلل أكرب أهلله أكرب وهلله احلمد

Jama'ah shalat 'Ied ingkang minulya.

Wonten ingkang dipun damel mesthi wonten ingkang ndamel. Wonten makhluk mesthi wonten Al-Khaliq.

Al-Khaliq nyiptaaken manungsa mesthi mboten namung iseng utawi dolanan tanpa hikmah lan tanpa tujuan.

Wonten surah Al-Mu'minun 115 Allah Ta'ala ngendika:

أَفَحَسِبْتُمْ أَنَّمَا خَلَقْنَٰكُمْ عَبَثًا وَأَنَّكُمْ إِلَيْنَا لَا تُرْجَعُونَ

Halaman
1234
Sumber: TribunSolo.com
Berita Terkait

Berita Terkini

© 2025 TribunNews.com, a subsidiary of KG Media. All Right Reserved
About Us Help Privacy Policy Terms of Use Contact Us Pedoman Media Siber Redaksi Info iklan