Senin, 25 Agustus 2025

Lebaran 2021

Teks Naskah Khutbah Idul Fitri 2021 dalam Bahasa Jawa: Silaturahmi ing Swasana Pandemi

Inilah contoh teks naskah khutbah Idul Fitri 2021 dalam bahasa Jawa yang berjudul Silaturahmi ing Swasana Pandemi yang ditulis KH Moh Muhsin.

Penulis: Sri Juliati
Editor: Tiara Shelavie
TRIBUN JABAR/GANI KURNIAWAN
Jemaah mendengarkan khutbah seusai melaksanakan salat Idulfitri 1441 H berjamaah di halaman Masjid Nashrulloh, Kampung Bojongpeundeuy, Desa Cangkuang, Kecamatan Rancaekek, Kabupaten Bandung, Minggu (24/5/2020). Inilah contoh teks naskah khutbah Idul Fitri 2021 dalam bahasa Jawa yang berjudul Silaturahmi ing Swasana Pandemi yang ditulis KH Moh Muhsin. 

Pramila kita kedah berfikir saha bertindak secara bijaksana kanthi nindakaken samukawis secara 'Aham fal Aham'
mendahulukan yang lebih penting dari yang penting dan mendahulukan yang penting dari yang kurang penting; Jer
cara meniko ingkang langkung sae lan bijaksana.

Dipun dawuhaken wonten ing kitab Nadzmud Duror:

Nadzmud Duror : VII/254

"As-Syekh Ibrahim bin Umar bin Ali bin Abi Bakar al-Biqa'i, paring dhawuh 'Naliko ana wong kang sehat akale, dheweke dhisikake sing luwih penting ing antarane sing penting ana ing sadhengah urusan, sahingga dheweke isa milah-milih ing antarane perkara apik lan apik, mangka wong mau dherekna." (Nadzmud Duror : VII/254).

Kanti prinsip 'aham fal aham', pramila perkawis ingkang hukumipun fardlu dipun riyenaken saking perkawis ingkang wajib, perkawis wajib dipun riyenakaen saking perkawis sunnah lan sunnah dipun riyenaken saking fadlo'il.

Ma'asyiral Muslimin, Rahimakumullah.

Menawi kita manggihaken setunggling perkawis sak perangan merintahaken lan sak perangan malih ngelarang, mangka ingkang langkung sae inggih nebihi perkawis menika.

Ulama' ahli Ushul ngendika'aken:

Fi Anwa'il Furuq : VIII/281

"Yen ana perkara kang dadi perselisihan, antara hukum haram lan hukum wajib, mangka kudu den hukumi haram, ora keno dihukumi wajib. Jer ngreksa saking kerusakan iku luweh penting tinimbang ngupadi anane kemaslahatan" (Fi Anwa'il Furuq : VIII/281).

Umpaminipun lebaran kanti anjangsana dari rumah ke rumah, sak perangan merintahaken sebab meniko bentuk saking sillaturrohim, nanging sak perangan ngelarang, sebab bebayani wonten ing zaman pandemi menika.

Pramila ingkang langkung sae inggih tetep sillaturrohmi nanging boten mawi anjangsana, jer menghindari mafsadah langkung dipun riyenaken katimbang nguber wontenipun maslahat.

Mangga kita sami tafakkur lan tadzakkur wontenipun dhawuh dalem Allah SWT wonten ing Surat al-Isra', ayat 29:

وَلَا تَجۡعَلۡ يَدَكَ مَغۡلُوۡلَةً اِلٰى عُنُقِكَ وَلَا تَبۡسُطۡهَا كُلَّ الۡبَسۡطِ فَتَقۡعُدَ مَلُوۡمًا مَّحۡسُوۡرًا

"Lan sira aja andadek'ake tangan sira den banda ana ing gulu sira, semono uga aja bukak kelawan sekabehe bukak, mangka sebabe sira bakal tuna lan nelangsa" (Q.S. Al-Isra': 29).

Artosipun boten kengeng njitep ndipet ndelik ndepis, lawang omah tutup krekep, wong nggih wayahe bada, nanging ugi boten pareng umbar-umbaran.

Wosipun mejana; lan tumindak kanthi waspada.

Ma'asyiral Muslimin, Rahimakumullah.

Mugi-mugi kita tansah pikantuk perlindungan saha Rahmat ingkang kathah saking ngarsanipun Allah SWT.

Pinaringan tetep iman lan Islam istiqomah ngibadah, ingdalem swasana menapa kemawon. Amiin.

()

Khutbah II

()
()

Adapun naskah selengkapnya, dapat Anda lihat lewat tautan ini.

(Tribunnews.com/Sri Juliati)

Berita lain terkait Lebaran 2021

Sumber: TribunSolo.com
Berita Terkait
AA

Berita Terkini

© 2025 TribunNews.com, a subsidiary of KG Media. All Right Reserved
About Us Help Privacy Policy Terms of Use Contact Us Pedoman Media Siber Redaksi Info iklan