Sabtu, 27 September 2025

Idul Adha 2025

2 Naskah Khutbah Idul Adha dalam Bahasa Jawa, Dilengkapi Link Unduh Format PDF

Simak 2 naskah khutbah Idul Adha dalam Bahasa Jawa yang diterbitkan Kantor Kemenag DIY. Dilengkapi link unduh format PDF.

Penulis: Sri Juliati
Editor: Febri Prasetyo
Tribunnews/JEPRIMA
KHUTBAH IDUL ADHA - Umat Islam melaksanakan salat Idul Adha di kawasan Jatinegara, Jakarta Timur, Senin (17/6/2024). Simak 2 naskah khutbah Idul Adha dalam Bahasa Jawa yang diterbitkan Kantor Kemenag DIY. Dilengkapi link unduh format PDF. 

Jamaah Idul Adha rahimakumullah,

Lewat mimbar lan momentum meniko, ugo kita aturaken khususipun dateng poro pemuda pemudi remaja bilih pintu kesuksesan, kamulyan dunya lan akhirat, enten pangkat, rezeki, anak kang sholeh lan sholehah, lan keluargi kang ayem tentrem nun inggih berbakti marang wong tuwa, utamane nalika wong tuwa sampun sepuh.

Allah SWT ngendika ing Al-Qur'an:

 وَقَضَىٰ رَبُّكَ أَلَّا تَعْبُدُوٓا۟ إِلَّآ إِيَّاهُ وَبِٱلْوَٰلِدَيْنِ إِحْسَٰنًا

“Lan Gusti siro wus marentah supaya siro aja nyembah kejaba marang Deweke lan supaya tumindak becik marang wong tuwamu.” (QS. Al-Isra: 23)

Maknane: Allah marentahake menungsa supoyo ibadah mung marang panjenengane, lan langsung disambung karo dhawuh supoyo bekti marang wong tuwa.

Rasulullah SAW Uga ngendika:

"مَنْ أَحَبَّ أَنْ يُبْسَطَ لَهُ فِي رِزْقِهِ وَيُنْسَأَ لَهُ فِي أَثَرِهِ فَلْيَصِلْ رَحِمَهُ"

"Sapa wae sing kepengin dipanjangi umure lan diluwehake rejekine, pramilo supados bekti dateng tiyang sepah kaleh lan nyambung tali silaturahmi." (HR. Ahmad)

Tegesipun: Anak kang bekti marang wong tuwa, bakal diparingi berkah umure dawa, rejekine lancar lan uripe berkah. sanajan jaman pun maju lan modern, ajaran bekti marang wong tuwa sampun ngantos ilang. anak kang entuk gelar sarjana, pendamelan, gaji gede, nanging lali kaleh tiyang sepahe. 

Kadhang malah mboten purun merawat naliko sepuh, bakal nampi urip ingkang susah lan mboten berkah.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillahil hamd.

Jamaah Idul Adha rahimakumullah,

Mugi kita minongko wong tuwa supados saget nuladani Kanjeng Nabi Ibrahim AS ingkang tansah sabar, sabar, lan sabar ndidik anak-anak kanthi akhlak lan agami ingkang sae.

Idul Adha punika mboten namung sekadar nyembelih sapi utawi wedhus. Nanging sejatiné yaiku pengorbanan lan taqwa kawujud ing tumindak nyata, kalebu ndidik anak kito sedoyo.

Halaman
1234
Sumber: TribunSolo.com
Rekomendasi untuk Anda

Berita Terkini

© 2025 TribunNews.com, a subsidiary of KG Media. All Right Reserved
About Us Help Privacy Policy Terms of Use Contact Us Pedoman Media Siber Redaksi Info iklan