Idul Adha 2025
2 Naskah Khutbah Idul Adha dalam Bahasa Jawa, Dilengkapi Link Unduh Format PDF
Simak 2 naskah khutbah Idul Adha dalam Bahasa Jawa yang diterbitkan Kantor Kemenag DIY. Dilengkapi link unduh format PDF.
Penulis:
Sri Juliati
Editor:
Febri Prasetyo
Mugi khutbah punika maringi manfaat, lan tansah ngelingake kita sedaya supados mbangun kulawarga kang penuh berkah, putra putri ingkang soleh solihah AAMIIN.


Unduh naskah khutbah Idul Adha dalam bahasa Jawa yang berjudul Kurban Piwucal Bekti Dumateng Tiyang Sepuh dalam format PDF: LINK
2. Khutbah Idul Adha: Kurban Bukti Takwa Lan Syukur Dumateng Allah
Dening: H Karmin SAg MSI
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Monggo kita tansah ndedonga lan ngluhuraken puji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi nikmat iman, Islam, sehat, lan kesempatan kang mulya menika, injih puniko sholat Id berjamaah.
Salawat lan salam kita aturaken dhumateng junjungan kita, Nabi Muhammad SAW, tiyang ingkang sampurna budi pekertinipun, panutaning umat ing donya lan akhirat.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillahil hamd.
Ma'asyiral Muslimin Rahimakumullah
Ing wulan Dzulhijjah menika, wonten salah sawijining ibadah ingkang agung nun injih ibadah kurban.
Ibadah kurban punika minangka bentuk taqwa, tanda syukur, lan sarana ngresiki atining manungsa saka sifat bakhil lan egois.
Allah SWT ngendika wonten ing surat Al-Hajj ayat 37:
لَن يَنَالَ ٱللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَآؤُهَا وَلَٰكِن يَنَالُهُ ٱلتَّقْوَىٰ مِنكُمْ ۚ
"Ora bakal tekan marang Allah daging-daginge lan getihe (kewan kurban), nanging sing tekan yaiku taqwa saking panjenengan sedaya." (QS. Al-Hajj: 37)
Tegese, Allah mboten mbutuhake daging utawa getih kurban kita. Sing dipun tingali yaiku keikhlasan lan taqwa kita.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillahil hamd.
Ma’asyiral Muslimin,
Kurban ugi minangka peringatan tumrap kisah agung Nabi Ibrahim Alaihissalam lan putranipun Nabi Ismail Alaihissalam, nalika dipun perintah nyembelih putranipun.
Tanpa ragu, Nabi Ibrahim nindakake perintah menika kanthi tulus lan tawakkal.
Sabda Rasulullah SAW:
مَا عَمِلَ آدَمِيٌّ مِنْ عَمَلٍ يَوْمَ النَّحْرِ أَحَبَّ إِلَى اللَّهِ مِنْ إِهْرَاقِ الدَّمِ
"Anak Adam ora nindakaké amal ing dina Nahr (10 Dzulhijjah) sing luwih disenengi Allah kajaba nyembelih kurban". (HR. Tirmidzi)
Saking punika, menawi kita kaparingan rejeki cekap, monggo berkurban. Sebab, kurban niku amal utama ing dinten menika.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillahil hamd.
Ayo kita niataken kurban kanthi ikhlas. Yen durung saged berkurban tahun menika, tetep niat lan nyengkuyung ibadah kurban.
Sedekah daging, bantu tetangga, ngugemi rasa sosial lan ukhuwah Islamiyah.
Kurban ugi ngajari kita pentingipun pengorbanan, gotong royong, lan kesenan pinongko bentuk kesalahan sosial Islam ingkang luar biasa.
Mugi amal kita dipun tampi Allah lan kita kalebet hamba-hamba ingkang taat.

Unduh naskah khutbah Idul Adha dalam bahasa Jawa yang berjudul Kurban Bukti Takwa Lan Syukur Dumateng Allah dalam format PDF: LINK
(Tribunnews.com/Sri Juliati)
Sumber: TribunSolo.com
Idul Adha 2025
Idul Adha 2025, Baznas Bazis DKI Jakarta Salurkan Daging Kurban untuk Santri Difabel Hingga Dhuafa |
---|
Kecewanya Pemuda di Gresik, Honda CBR Miliknya Dicuri Teman, Pesta Bakaran Daging Kurban Hanya Modus |
---|
Kisah Si Gemplo Sapi Kurban Presiden Prabowo Menangis saat Dikirim ke Desa Terpencil di Sragen |
---|
Turki–Indonesia Kerja Sama Salurkan Daging Kurban hingga Pelosok Daerah di Tanah Air |
---|
Arus Balik Libur Iduladha 2025 Meningkat Tajam di Tol Jabodetabek dan Jawa Barat, Ini Datanya |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.