Idul Adha 2025
2 Naskah Khutbah Idul Adha dalam Bahasa Jawa, Dilengkapi Link Unduh Format PDF
Simak 2 naskah khutbah Idul Adha dalam Bahasa Jawa yang diterbitkan Kantor Kemenag DIY. Dilengkapi link unduh format PDF.
Penulis:
Sri Juliati
Editor:
Febri Prasetyo
Jamaah Idul Adha rahimakumullah,
Peristiwa punika ngemutaken kito, bilih hubungan anak lan wong tuwa meniko dhasaripun iman lan taat marang Gusti Allah. Nanging sayang, ing jaman sakpunika, kathah tiyang enom utawi remaja ingkang kélangan rasa hormat dhumateng wong tuwané.
Kados ta nglawan, ngucap kasar, ninggal sholat, lan ndemek narkoba, tawuran, nglanggar aturan. Padahal Nabi Muhammad SAW sampun ngendika
رِضَا اَللَّهِ فِي رِضَا اَلْوَالِدَيْنِ, وَسَخَطُ اَللَّهِ فِي سَخَطِ اَلْوَالِدَيْنِ
"Ridane Allah ana ing ridane wong tuwa, lan murka Allah ana ing murkane wong tuwa." (HR. Tirmidzi)
Maknaipun: Allah bakal ridha marang anak yen wong tuwané ridha. Yen wong tuwa duko, Allah uga duko.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillahil hamd.
Jamaah Idul Adha rahimakumullah,
Idul Adha nglairake semangat pengorbanan lan taqwa dumateg Allah SWT. Nanging kejawi saka punika, kita ugi sinau babagan pendidikan akhlak anak..
Anak-anak kita kaancam dening gadget, media sosial, sesrawungan lan pengaruh lingkungan sing ora becik. Mula, kito para wong tuwa kedah tansah ndidik, nuntun, lan maringi teladan kang apik.
Allah paring dawuh:
وَوَصَّيْنَا ٱلْإِنسَٰنَ بِوَٰلِدَيْهِ إِحْسَٰنًا
"Lan ingsun wus maringi pitutur marang manungsa supaya ngluhuraké wong tuwané kanthi becik." (QS. Al-Ahqaf: 15)
Pramilo poro jamaah, monggo kito gunakake momentum Idul Adha punika kanggé nambah kesadaran anak lan remaja supados uwih berbakti lan hormat marang wong tuwa, nguri-uri ajaran agama, lan adoh saka perbuatan maksiat.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillahil hamd.
Sumber: TribunSolo.com
Idul Adha 2025
Idul Adha 2025, Baznas Bazis DKI Jakarta Salurkan Daging Kurban untuk Santri Difabel Hingga Dhuafa |
---|
Kecewanya Pemuda di Gresik, Honda CBR Miliknya Dicuri Teman, Pesta Bakaran Daging Kurban Hanya Modus |
---|
Kisah Si Gemplo Sapi Kurban Presiden Prabowo Menangis saat Dikirim ke Desa Terpencil di Sragen |
---|
Turki–Indonesia Kerja Sama Salurkan Daging Kurban hingga Pelosok Daerah di Tanah Air |
---|
Arus Balik Libur Iduladha 2025 Meningkat Tajam di Tol Jabodetabek dan Jawa Barat, Ini Datanya |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.