Soal Latihan
30 Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 2 Kurikulum Merdeka dan Kunci Jawaban SAS
Inilah 30 soal PAS mata pelajaran Bahasa Jawa kelas 4 SD/MI semester 2 Kurikulum Merdeka dan kunci jawaban SAS.
Penulis:
Sri Juliati
Editor:
Wahyu Gilang Putranto
TRIBUNNEWS.COM - Inilah contoh soal Penilaian Akhir Semester (PAS) mata pelajaran Bahasa Jawa kelas 4 SD/MI semester 2 Kurikulum Merdeka dan kunci jawaban.
Soal PAS Bahasa Jawa kelas 4 semester 2 Kurikulum Merdeka bisa dipakai sebagai bahan latihan di rumah jelang pelaksanaan Sumatif Akhir Semester (SAS).
Dengan belajar IPA soal Bahasa Jawa kelas 4 semester 2 Kurikulum Merdeka, siswa dapat mengetahui apa saja soal yang kemungkinan muncul dalam pelaksanaan PAS/SAS.
Sebelum menengok kunci jawaban, pastikan siswa selesai terlebih dahulu menjawab contoh soal PAS Bahasa Jawa kelas 4 SD/MI Semester 2 Kurikulum Merdeka.
Simak contoh soal PAS Bahasa Jawa kelas 4 semester 2 Kurikulum Merdeka dan kunci jawaban SAS, dikutip dari channel YouTube Sekolah Online Pak T.
Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 2 Kurikulum Merdeka
1. Tembang dolanan kang isine nggambarake bocah ora kena duwe watak kesed yaiku ....
a. Kidang Talun
b. Menthog-Menthog
c. Gajah Belang
d. Kupu Kuwi
Kunci Jawaban: b. Menthog-Menthog
2. Tembang dolanan sanadyan kawa ngun saka tetembungan prasaja, ngandhut piwulangan kautaman kang bisa kanggo patuladhan. Upa mane tembang dolanan ing ngisor.
Dhondhong apa salak
Dhuku cilik-cilik
Ngandhong apa mbecak
Mlaku thimik-thimik
Katrangan kang trep kanggo mra telakake piwulang tembang ing dhuwur yaiku ....
a. piranti transportasi andhong lan becak iku lakune alon
b. numpak andhong lan mbecak bisa kanggo sarana lelungan adoh
c. kudu tansah ngupaya kanthi mandhiri, ora ngrekasakake liyan sanadyan kanthi laku alon wusanane bisa kalaksanan
d. tinimbang numpak andhong apa mbecak sing alon luwih becik numpak liyane
Kunci Jawaban: c. kudu tansah ngupaya kanthi mandhiri, ora ngrekasakake li yan sanadyan kanthi laku alon wusanane bisa kalaksanan
Baca juga: 20 Soal PAS BTQ Kelas 4 Semester 2 Kurikulum Merdeka dan Kunci Jawaban SAS
3. Tembang dolanan kang jeneng pang riptane diweruhi lan makna lagune gampang dimangerteni klebu titikan tembang dolanan gagrag ....
a. kuna
b. anyar
c. lawas
d. tradhisional
Kunci Jawaban: b. anyar
4. Kanthi tembang dolanan bisa gawe kahanan ati dadi ....
a. sedhih
b. susah
c. seneng
d. kayungyun
Kunci Jawaban: c. seneng
5. Tembang dolanan bisa kanggo sa rana nyritakake sawatara babagan, kayata tanduran, sato kewan, ka hanan alam, lan sapanunggalane. Dene ing ngisor kang nuduhake tembang dolanan kang nyritakake kahanan alam, yaiku ....
a. Gundhul Pacul
b. Jamuran
c. Padhang Wulan
d. Dhondhong Apa Salak
Kunci Jawaban: c. Padhang Wulan
6. Tembang kang lumrahe ditembang ake bocah cilik sinambi dolanan mligine ing padesan diarani tembang ....
a. dolanan
b. ageng
c. kidung
d. macapat
Kunci Jawaban: a. dolanan
7. Sajroning tembang dolanan lumrahe ngandhut babagan ....
a. tata cara nembang
b. tata cara dolanan
c. carane sinau
d. budi pakerti luhur
Kunci Jawaban: d. budi pakerti luhur
8. Saliyane bisa kanggo sarana lelipuran, tembang dolanan uga ngandhut pitutur luhur kanggo mangun karakter bocah supaya duwe budi pakerti kang becik. Salah siji piwulange yaiku tansah nindakake ayahan kanthi temen lan manut sing didhawuhake supaya ora gawe gela wong liya lan mitunani marang awake dhewe.
Piwulang kasebut kinandhut ing tembang ....
a. Jaranan
b. Cublak-Cublak Suweng
c. Padhang Wulan
d. Gundhul Pacul
Kunci Jawaban: d. Gundhul Pacul
9. Tembang dolanan kapantha dadi loro. Dene tembang dolanan sing ora diweruhi sapa sing nganggit Ian tegese tembung angel dimangerteni klebu tembung dolanan ....
a. gagrag anyar
b. gagrag tradhisional
c. gagrag lawas
d. gagrag klasik
Kunci Jawaban: c. gagrag lawas
10. Tembang kang lumrahe ditembang ake dening bocah-bocah, mligine ing padesan, lan ditembangake sinambi dolanan karo kanca diarani tembang ....
a. cilik
b. gedhe
c. dolanan
d. macapat
Kunci Jawaban: c. dolanan
11. Ing wayah esuk ... kluruk
Rame swarane pating ...
Adhuh ... sedulur tani
Tembung-tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg yaiku ....
a. jagone, kemruyuk, senenge
b. jagone, kemrutuk, susahe
c. pitike, gumerah, bungahe
d. babone, kemruyuk, bungahe
Kunci Jawaban: a. jagone, kemruyuk, senenge
12. Tembang dolanan ora mung ditembangake sinambi dolanan, nanging uga kanggo sarana ....
a. srawung marang kanca
b. sinau basa Indonesia
c. males tandang gawe
d. ninggalake sinau
Kunci Jawaban: a. srawung marang kanca
13. Dhondhong apa salak ...
Tembung kang trep kanggo jangkepi ukara ing dhuwur yaiku ....
a. sawo cilik-cilik
b. mlaku thimik-thimik
c. dhuku cilik-cilik
d. mlayu thimik-thimik
Kunci Jawaban: c. dhuku cilik-cilik
14. Dodotira, dodotira
Kumitir bedhah ing pinggir
Dondomana jlumatana
Kanggo seba mengko sore
Larik tembang dolanan ing dhuwur duwe wos yaiku ....
a. arep ngadhep ing ngarsane priyayi kudu nyandhang sing rapi lan becik
b. jlumati klambi sing bedhah kanggo dolan mengko sore
c. klambi pancen lumrah bedhah saka pinggir
d. klambi sing bedhah kudu didondomi supaya rapi
Kunci Jawaban: a. arep ngadhep ing ngarsane priyayi kudu nyandhang sing rapi lan becik
15. Sandhangan swara kanggo ngowahi swara dadi [o] yaiku ....
a. taling tarung
b. suku
c. wulu
d. taling
Kunci Jawaban: a. taling tarung
16. Panaske malam utawa lilin ing wajan kanthi geni kang cilik nganti lilin mau cuwer. Aja nggunakake geni kang gedhe supaya suhu kompor bisa ajeg! Jupuken malam kanthi nganggo canthing! Gambarana kain putih sing wis ana polane nganggo canthing jumbuh karo gambaran pola sing wis digawe!
Saka paragrap ing dhuwur, ukara kang nuduhake pamenging yaiku ....
a. Gambarana kain putih sing wis ana polane nganggo canthing jumbuh karo gambaran pola sing wis digawe!
b. Panaske malam utawa lilin ing wajan kanthi geni kang cilik nganti lilin mau cuwer.
c. Aja nggunakake geni kang gedhe supaya suhu kompor bisa ajeg!
d. Jupuken malam kanthi nganggo canthing!
Kunci Jawaban: c. Aja nggunakake geni kang gedhe supaya suhu kompor bisa ajeg!
17. Ing ngisor iki kang nuduhake struktur teks prosedur kanthi urut yaiku ....
a. alat Ian bahan, tujuan, trap-trapan, kesimpulan
b. tujuan, alat Ian bahan, kesimpulan
c. judul, tujuan, alat lan bahan, trap-trapan, kesimpulan
d. trap-trapan, tujuan, alat Ian bahan, kesimpulan
Kunci Jawaban: c. judul, tujuan, alat lan bahan, trap-trapan, kesimpulan
18. Sajroning teks prosedur ngandhut ukara prentah utawa kalimat perintah. Dene ukara ing ngisor kang nuduhake ukara prentah yaiku ....
a. Bakso wis siap dicawisake.
b. Bocah cilik tamtu seneng karo bakso.
c. Godhong sawi bisa ditambahake kanggo ijon-ijon.
d. Godhogen glindhingan bakso ing banyu kang umob!
Kunci Jawaban: d. Godhogen glindhingan bakso ing banyu kang umob!
19. Ing ngisor iki kang nuduhake perangan kang nuduhake material sajroning teks prosedur yaiku ....
a. setengah kilo gula pasir
b. bubur diudhak alon nanging ajeg
c. godhong gedhang ditekuk dadi pincuk
d. bubur banjur diwadhahi pincuk
Kunci Jawaban: a. setengah kilo gula pasir
20. Kanggo seba mengko ...
Mumpung padhang ...
Tetembungan kang trep kanggo njangkepi pethilan tembang ing dhuwur yaiku ....
a. awan, langite
b. sore, langite
c. awan, rembulane
d. sore, rembulane
Kunci Jawaban: d. sore, rembulane
21. Tembang dolanan ditembangake sinambi dolanan karo kanca-kanca. Kajaba nyenengake, bisa gawe rakete kekancan. Dene ing ngisor kang ora nuduhake titikane tembang dolanan, yaiku ....
a. migunakake tetembungan sing prasaja
b. asipat seneng lan gumbira
c. kaiket dening aturan tartamtu
d. bisa kairing gamelan kanthi laras slendro lan pelog
Kunci Jawaban: c. kaiket dening aturan tartamtu
22. Tembang dolanan kapantha dadi loro. Tembang dolanan sing ora diweruhi sapa sing nganggit lan tegese tembung angel dimangerteni klebu tembang dolanan ....
a. gagrag lawas
b. gagrag klasik
c. gagrag tradhisional
d. gagrag anyar
Kunci Jawaban:a. gagrag lawas
Gatekna wacan ing ngisor kanggo mangsuli pitakonan nomer 23–26!
Teh minangka jinis minuman sing lumrah ditemoni ing masarakat. Nalika esuk kanggo kanca sarapan utawa ngemil wayah awan apadene sore. Gawe teh ora angel. Jaman saiki wis ana jinis teh celup.
Alat lan bahan sing dibutuhake, yaiku siji kanthong teh celup, gula sacukupe, banyu panas, gelas, lan sendhok. Cara kanggo gawe, yaiku isenana gelas nganggo banyu panas sacukupe. Banjur, celupna kanthong teh ing gelas sing wis isi wedang panas. Aja lali lebokna gula sacukupe miturut kasenengan. Udhaken banyu nganti gulane ajur! Teh panas wis sumadiya.
23. Pratelan kang trep karo surasane wacan ing dhuwur yaiku ....
a. teks prosedur nindakake sawijining kagiyatan
b. teks prosedur nggunakake sawijining piranti
c. teks prosedur cara gawe sawijining bab yaiku teh
d. teks prosedur ngandharake mun pangatake sawijining barang
Kunci Jawaban: c. teks prosedur cara gawe sawijining bab yaiku teh
24. Paragrap kapisan sajroning wacan klebu ing perangan ....
a. tujuan
b. alat lan bahan
c. trap-trapan
d. kesimpulan
Kunci Jawaban: a. tujuan
25. Saka wacan ing dhuwur kang nuduhake katrangan piranti yaiku ....
a. wedang panas lan teh
b. gelas lan sendhok
c. teh lan gula
d. gula lan wedang panas
Kunci Jawaban: b. gelas lan sendhok
26. Adhedhasar surasane, klebu teks prosedur sederhana amarga ....
a. mbutuhake wektu kang suwe kanggo nindakake
b. sapa bae bisa nindakake cara kasebut
c. isine ngandhut akeh trap-trapan kang ora gampang
d. trap-trapane sajroning teks ora mbutuhake cara sing akeh lan wektu sing suwe
Kunci Jawaban: d. trap-trapane sajroning teks ora mbutuhake cara sing akeh lan wektu sing suwe
27. Gatekna cara kramas ing ngisor iki!
- Telesi rambut nganggo banyu resik!
- Wenehana sampo ing epek-epek tangan!
- ...
- Bilas rambut nganti resik!
Katrangan kang trep kanggo ngiseni ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ....
a. Gosoken ing tangan nganti munthuk!
b. Waratakna sampo ing rambut banjur dipijet alon!
c. Pijet rambut kanthi alon-alon!
d. Tambahana banyu sacukupe!
Kunci Jawaban: b. Waratakna sampo ing rambut banjur dipijet alon!
28. Gatekna pratelan ukara ing ngisor!
- Lebokna banyu 3‒5 cm sandhu wuring beras sing wis dipu susi! Godhog nganti setengah mateng!
- Lebokna kethokan pohung, ja gung, lan uwi! Godhog nganti mateng!
- Udhaken nganti bubur dadi ken thel!
- Lebokna siji mbaka siji sayuran ing bubur! Mangsak nganti kabeh mateng lan bubur dadi kenthel!
Pratelan ukara ing dhuwur nuduh ake perangan struktur teks prosedur sing diarani ....
a. alat lan bahan
b. kesimpulan
c. trap-trapan
d. tujuan
Kunci Jawaban: c. trap-trapan
29. Katrangan kang nuduhake trap-trapan nindakake sawijining prosedur ana ing bagean ....
a. material
b. langkah-langkah
c. penutup
d. tujuan
Kunci Jawaban: b. langkah-langkah
30. Jinis teks prosedur kang surasane ngandhut akeh trap-trapan kang kudu nengenake tliti maca trap-trapan kanggo gawe yaiku ....
a. teks prosedur protokol
b. teks prosedur sederhana
c. teks prosedur prasaja
d. teks prosedur kompleks
Kunci Jawaban: d. teks prosedur kompleks
Disclaimer:
- Artikel ini hanya ditujukan kepada orangtua untuk memandu proses belajar anak.
- Sebelum melihat kunci jawaban, siswa harus terlebih dahulu menjawabnya sendiri, setelah itu gunakan artikel ini untuk mengoreksi hasil pekerjaan siswa.
(Tribunnews.com/Sri Juliati)
Sumber: TribunSolo.com
Soal Latihan
35 Soal ANBK SMP 2025 Literasi Membaca Kelas 8 dan Kunci Jawaban Asesmen Nasional |
---|
20 Soal ANBK SMA 2025 Literasi Matematika Kelas 11 dan Kunci Jawaban Numerasi |
---|
50 Soal ANBK Kelas 5 SD 2025 Materi Numerasi dan Kunci Jawaban Asesmen Nasional Berbasis Komputer |
---|
30 Soal ANBK SMA 2025 Literasi Membaca Kelas 11 dan Kunci Jawabannya |
---|
50 Soal ANBK Kelas 5 SD 2025 Materi Literasi dan Kunci Jawaban Asesmen Nasional Berbasis Komputer |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.